Postingan

Roh Suci Mraboti lan Nuntun ing Margining Kayekten

Gambar
  GKJ Margoyudan 19 mei 2024 16.30 dan 18.30 wib Roh Kudus Memperlengkapi dan Menuntun dalam Kebenaran Roh Suci Mraboti lan Nuntun ing Margining Kayekten Kis 2: 1-21 Maz 104:24-35 Rom 8:22-27 Yoh 15:26-27, 16:4-15 Psw igkg kinasih, dinten punika kita mahargya pengetan Pentekosta. Pentekosta punika tegesipun dinten ingkang kaping seket. Ing dinten Pentekosta punika bangsa Israel sami nindakaken riyaya Shavuot utawi dinten minggu ingkang kaping pitu bibaripun paskah utawi riyaya undhuh2 Yahudi. Ing dinten punika ugi, Gusti maringi Roh Suci dhateng para sakabat lan sedaya tiyang pitados ingkang sami kempal ing Yerusalem. Wonten ing cariyos kitab suci, kita sedaya pirsa bilih: Para sakabat lan para tiyang pitados sanesipun sami aben ajeng kaliyan prekawis2 ingkang awrat awit saking sami dados pandherekipun GY. Sami ngraosaken ajrih, sami ngraosaken kuwatos, menawi gesangipun badhe kadosdene GY ingkang sangsara. Pramila sami ndhelik. Sinaosa GY wongsa

MILIH GESANG INGKANG LERES

Khotbah @ GKJM 12 Mei 2024 Kis 1:15-17, 21-26 Maz 1 1 Yoh 5:9-13 Yoh 17:6-19 MEMILIH HIDUP YANG BENAR MILIH GESANG INGKANG LERES Bapak ibu para sedherek kinasih, MILIH GESANG INGKANG LERES inggih punika tema utawi jejering pangibadah ing dinten punika. Psw ingkang kinasih, menawi kita ngrembag bab miji … saben wekdal kita punika kaabenajeng kaliyan pilihan2 ing gesang kita. Kita kaabenajeng ing bab miji tetembungan ingkang badhe dipun aturaken, kaabenajeng kaliyan kawontenan…. Lajeng sikep kita kedah kadospundi, kaabenajeng ing bab miji ageman ingkang badhe dipun agem menapa. Ing wulan Februari kepengker kita ugi kaabenajeng kaliyan calon2 pemimpin ingkang badhe lenggah ing pemerintahan kalebet presiden lan wakil presiden. Lan ing taun 2024 punika kitha surakarta ugi badhe kaabenajeng kaliyan memiji sinten ingkang badhe dados walikota lan wakil walikota utawi ingkang kasebat Pilkada benjang 27 November 2024. Panci bab pamilihan tetembungan, pemimpin, age

BERPENGHARAPAN DI SEGALA KEADAAN

 Renungan Persekutuan Doa Pentakosta, 10 Mei 2024 BERPENGHARAPAN DI SEGALA KEADAAN NGGADHAHI PANGAJENG-AJENG ING SADENGAH KAWONTENAN Roma 12:12 “Bersukacitalah dalam pengharapan, sabarlah dalam kesesakan, dan bertekunlah dalam doa! “Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning karupekan, dimantep anggonmu ndedonga! Psw ingkang kinasih, ibu bapak ingkang kinasih, menawi kita hanggadhahi tujuan ingkang cetha badhe teng pundi temtu langkung gampil tinimbang kita mlampah tanpa tujuan. Contonipun mlampah dhateng Salib Putih Sala3, marginipun tanpa margi tol, ingkang limrah medal boyolali, ampel, tengaran, lajeng sala3. Menawi dipun petang kilometeripun, temtu tebih lan kathah, temtu sayah. Nanging menawi mbayangaken Salib putih ingkang seger, ingkang inggil papanipun, lsp …. Sinaosa tebih lan sayah, nanging kepengen tetep badhe teng Salib Putih. Mekaten kinten2 ngendikanipun Rs Paulus dhateng psw ing kitha Rom. NGGADHAHI PANGAJENG-AJENG ING SADENGAH KAWONTE

MITRA INGKANG NGLANGKUNGI SINGGETAN

 Khotbah 5 Mei 2024 @ GKJM 06.30+08.30 Yoh 15:9-17 Kis 10:44-48 Maz 98 1 Yoh 5:1-6 SAHABAT YANG MELAMPAUI SEKAT MITRA INGKANG NGLANGKUNGI SINGGETAN Psw ingkang kinasih, Wontenipun wates punika kangge nyingget satunggal kaliyan sanesipun supados boten dados satunggal, supados tetep piyambak2. Wates utawi singgetan punika wiwitipun saking dosanipun manungsa, dados wonten singgetan antawisipun Gusti kaliyan manungsa lan ugi sesamining manungsa saha manungsa kaliyan sedaya titah sanesipun. Singgetanipun punika contonipun panganggep, sudut pandang, warni kulit, suku lan sapiturutipun. (1) Wonten satunggal piyantung ingkang dipun anggep awon/nakal kaliyan tangga-tangganipun, pangganggep punika lajeng ingkang ndamel boten wonten tiyang ingkg purun nyelaki piyantun punika, awit ajrih mangke dinakali, napa diajari nakal. Punika mpun dados singgetan. (2) Kados lelenggahan ing papan pangibadah punika, wonten panganggep kursi2 ingkang ing ngajengan punika kangge para

MANUNGGIL: SANES KEMLADEYAN, SANES PARASIT

 Khotbah @GKJM 18.30 wib Kis 8:26-40 Mzm 22:25-31 1 Yoh 4:7-21 Yoh 15:1-8 MENYATU: BUKAN PARASIT, BUKAN BENALU MANUNGGIL: SANES KEMLADEYAN, SANES PARASIT Psw ingkang kinasih, kita taksi ing dinten2 sasampunipun Paskah. Dinten punika minggu paskah ingkang kaping gangsal, kanthi jejer MANUNGGIL: SANES KEMLADEYAN, SANES PARASIT. Sinten mpun nate kenging kutu rambut? Kutu rambut punika saged gesang awit saking ngisep rah saking kuliting sirah manungsa. Sinten kemawon saged kemawon kenging kutu rambut punika. Kewanipun alit sanget lan ndamel asring ngukur2 sirah, infeksi, lan sapiturutipun. Kewan kutu punika kedah dipun obati supados ical. Mboten namung ngobati kemawon, nanging ugi kedah njagi supados ageman, papan patileman, lingkungan sakiwa tengen sami resik. Kutu rambut punika satunggaling conto kewan parasit ing badanipun manungsa. Taksih wonten conto sanesipun kadosdene cacing kremi, cacing pipih, cacing gelang lan sapiturutipun. Kemladean utawi benalu saged

PAWARTOS PAMRATOBAT LAN PANGAPUNTENING DOSA

Gambar
 Khotbah 14 April 2024 06.30+08.30 GKJM Kis 3:12-19 Maz 4 1 Yoh 3:1-7 Luk 24:36b-48 BERITA PERTOBATAN DAN PENGAMPUNAN DOSA PAWARTOS PAMRATOBAT LAN PANGAPUNTENING DOSA Psw ingkang kinasih, Kadospundi liburan bakdan taun punika, napa kalampahan sae? Para putra sami ngempal, griya keraos beda, keraos sumringah, awit ngempal sadaya. Sinaosa kita mboten riyaya, nanging ngraosaken kempalanipun (sae punika kempalan trah lan brayat), ngraosaken ecanipun opor ketupat, lan ngraosaken liburan ingkang lumayan dangu. Nanging wonten ugi ingkang mboten saged ngraosaken prekawis punika, wonten ugi ingkang nglampahi liburan bakdan punika ing griya sakit, piyambakan awit boten wonten brayat, piyambakan awit ngraosaken kewirangan awit prekawis2 ingkg dereng rampung, Malah wonten ugi ingkang boten saged ngraosaken liburan awit saking kedah nindakaken tugas2. Nggih mekaten…. mawerni2 kawontenanipun brayat satunggal lan sanesipun. Lan ingkang naminipun kempalan brayat

bacaan tahun B Paskah 2 sampai 7

  This is the reading every Easter 2, years A, B, and C. Easter 2B is John 20:19-31, Jesus appears to disciples and Thomas. Easter 3B is Luke 24:36b-48, After Emmaus: I am not a ghost Easter 4B is John 10:11-18 I am the Good Shepherd. Easter 5B is John 15:1-8 Farewell Discourse: I am the True Vine Easter 6B is John 14:23-29 Farewell Discourse: Abide in my love Easter 7B is John 17:20-26 Jesus prayers for disciples before his arrest.